Angels Blog

Welcome To Uwie Blog....

Minggu, 14 November 2010

Pawarto Basa Jawa

MBLEDHOSE GUNUNG MERAPI TANSAYA NGGEGIRISI

MBLEDHOSE GUNUNG MERAPI TANSAYA NGGEGIRISIGunung Merapi kang dumunung ing tapel watesing DIY lan Jawa Tengah sida mbledhos ing dina Selasa, tanggal 26 Oktober 2010 ing antarane jam lima sore. Malah nganti tekan saiki, sawise rong minggu punjul, gunung kang klebu aktif dhewe mbledhose ing tlatah Indonesia kasebut isih terus mbledhos tanpa kendhat. Malah ana sing ngandhakake yen mbledhose gunung kasebut luwih gedhe tinimbang ing taun 1870 kapungkur. Wis satus yuta meter kubik luwih, lahar lan matrial liyane metu saka kawahe gunung Merapi. Lahar panas kang awujud awu panas utawa wedhus gembel sumebar ing sakiwa tengene pereng gunung Merapi. Tlatah-tlatah sacedhake Merapi, kayata Kabupaten Sleman (DIY), Kabupaten Boyolali, Kabupaten Klaten, lan Kabupaten Magelang (Jawa Tengah) padha mosak-masik keterak wedhus gembel. Saliyane iku, awu kang mabur kagawa angin uga sumebar ing dhaerah-dhaerah liya, yen ngulon nganti tekan Bandung (Jawa Barat), yen ngetan nganti tekan Sragen (Jawa Tengah), yen ngidul nganti tekan Segara Kidul, yen ngalor nganti tekan Semarang.
Ora mung kuwi, sawise mbledhos rong minggu kepungkur, lan nganti tekan saiki isih terus mbledhos, gunung Merapi uga gawe cilakane lan rugine warga masarakat, raja kaya, lan raja brana. Nganti tekan dina Slasa (9/11) ora kurang saka wong 145 cacahe tiwas keterak wedhus gembel. Malah salah sijine korban kasebut yaiku Mbah Maridjan, Juru Kunci Gunung Merapi saka abdi dalem Kraton Kasultanan Ngayogyakarta, rikala tanggal 26 Oktober 2010 kepungkur. Saliyane iku korban tatu abot lan entheng uga nganti atusan wong kang dirumat ing pirang-pirang rumah sakit, salah sijine RSU Dr. Sardjito Ngayogyakarta. Raja brana duweke para pendhudhuk ing patang kabupaten kasebut uga melu kekubur dening wedhus gembel, wiwit saka mobil, motor, omah, sawah, lan sapiturute. Semono uga raja kaya kang awujud sapi, kebo, wedhus, pitik, bebek, kewan oceh-ocehan, lan sapiturute melu kepanggang urip-uripan dening wedhus gembel. Atusan ewon pendhudhuk liyane saiki uga melu ngungsi kang adohe saora-orane 20 kilometer saka pucuking gunung Merapi. Warga perenging Merapi ing wektu saiki lagi padha nandhang kacintrakan kang abot banget. Kulawargane ana sing tiwas, omah saisine remuk lan kobong, kewan ingon-ingone kepanggang, lan isih kudu ngungsi kang durung ngerti nganti tekan kapan.
Mula ora mokal, pitulungan saka sadhengah papan enggal mlumpuk kanggo tetulung marang warga korban mbledhose gunung Merapi. Ora mung saka pamarentah thok, nanging uga saka warga masarakat liyane, instansi swasta, karyawan pabrik, bocah sekolah padha enggal-enggal menehi pitulungan kang awujud apa wae, wiwit saka tenaga, iguh pratikel, bandha donya (dhuwit apadene barang), lan liya-liyane kanggo ngentheng-ngenthengake para korban. Ewa semono, isih ana wong sing golek kalodhangan kanggo kepentingane dhewe, kayata maling raja kaya kanthi alesan dislametake, nyolongi sembako banjur didol ing penadhah, padha pasang umbul-umbul iklan prodhuk ing papan pangungsen, lan sapiturute. Kang mangkono iku klebu tumindak nistha, amarga nalika wong liya nandhang sedhih kok malah golek bathine dhewe. Mula wis wayahe padha cancut taliwanda bebarengan padha tetulung marang korban Merapi kang durung ngerti nganti tekan kapan rampunge, tinimbang padha udur ora ana gunane apa dene gawe isu (kabar ngayawara), kang tundone gawe rugine para pangungsi, kang racake rakyat cilik kang wis adoh saka kacukupan panguripane.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar